Lihat keranjang “TRAMPIL BASA INDRAMAYU SD 4” telah ditambahkan ke keranjang Anda.

Bahasa Jawa Jateng SMP 1 KM

SKU: 131203.112 Categories: ,
  • Deskripsi
  • Ulasan (0)

Deskripsi

Buku Mardikaning Basa, Sastra, lan Aksara Jawa punika kaanggit kangge nyekapi kabetahan wulangan basa Jawi ing pawiyatan madya, Sekolah Menengah Pertama (SMP), Sekolah Menengah Pertama Luar Biasa (SMPLB), lan Madrasah Tsanawiyah (MTs). Buku punika karakit adhedhasar Kurikulum 2013 Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa ingkang sampun dipunjumbuhaken kaliyan ngrembakaning basa, sastra, lan aksara Jawi kangge hanyengkuyung lumampahing Kurikulum Merdeka 2022 Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa minangka muatan lokal wajib mliginipun ing Provinsi Jawi Tengah, kanthi migatosaken sanget ancasing pasinaon (tujuan pembelajaran) saha pikolehing pasinaon (capaian pembelajaran).

Mardikaning Basa, Sastra, lan Aksara Jawa mengku sedya bilih dwija (guru) anggenipun hambabar kawruh pitutur luhur saha piwulang becik dhumateng para siswa (murid) sageda katindakaken kanthi mardikaning panggalih jumbuh kaliyan kawontenan (situasi lan kondisi) saha empan papan miturut kebetahaning dhaerah (lokal) piyambak-piyambak. Materi pasinaon ingkang kaandharaken ing buku punika mujudaken ancer-ancer ingkang sipatipun luwes saged dipuntambah punapadene dipunkirangi miturut kabetahan lan kawicaksananipun ing saben dwija. Dene anggenipun mucalaken kedah kreatif lan inovatif kanthi raos gumbira supados para siswa tansah tambah tresnanipun dhateng basa, sastra, lan aksara Jawi, satemah ancasing pasinaon saged ginayuh, lan kasilipun saged dipunranggeh kanthi bagya mulya.

Ulasan

Belum ada ulasan.


Jadilah yang pertama memberikan ulasan “Bahasa Jawa Jateng SMP 1 KM”