Mardikaning Basa, Sastra, lan Aksara Jawa 3 kanggo Kelas IX SMP/SMPLB/MTs
- Deskripsi
- Ulasan (0)
Deskripsi
Buku Mardikaning Basa, Sastra, lan Aksara Jawa punika kaanggit kangge nyekapi ka betahan
wulangan basa Jawi ing pawiyatan madya, Sekolah Menengah Pertama (SMP), Sekolah
Menengah Pertama Luar Biasa (SMPLB), lan Madrasah Tsanawiyah (MTs). Buku punika karakit adhedhasar Pedoman Kurikulum Muatan Lokal Bahasa Jawa Jen jang Pendidikan Dasar dan Pendidikan Menengah di Provinsi Jawa Tengah ingkang sam pun dipunjumbuhaken kaliyan ngrembakaning basa, sastra, lan aksara Jawi kangge hanyeng kuyung lumampahing Kurikulum Merdeka Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa minangka muatan lokal wajib mliginipun ing Provinsi Jawi Tengah, kanthi migato s aken sanget ancasing pasinaon (tujuan pembelajaran) saha pikolehing pasinaon (capaian pembelajaran).
Mardikaning Basa, Sastra, lan Aksara Jawa mengku sedya bilih dwija (guru) ang genipun hambabar kawruh pitutur luhur saha piwulang becik dhumateng para siswa (murid) sageda katindakaken kanthi mardikaning panggalih jumbuh kaliyan kawontenan (situasi dan kondisi) saha empan papan miturut kebetahaning dhaerah (lokal) piyambak-piyambak. Materi pasinaon ingkang kaandharaken ing buku punika mujudaken ancer-ancer ingkang sipatipun luwes saged dipuntambah punapadene dipunkirangi miturut kabetahan lan kawicaksananipun
ing saben dwija. Dene anggenipun mucalaken kedah kreatif lan inovatif kanthi raos gumbira supados para siswa tansah tambah tresnanipun dhateng basa, sastra, lan aksara Jawi, satemah ancasing pasinaon saged ginayuh, lan kasilipun boten nguciwani.
Be the first to review “Mardikaning Basa, Sastra, lan Aksara Jawa 3 kanggo Kelas IX SMP/SMPLB/MTs”
Anda harus masuk untuk menulis ulasan.
Ulasan
Belum ada ulasan.